Meh Dinggo Kenceng, Bar Dinggo Klempreh(Lemes)
Satiyani, Spd
Semar : “Gong, aku nduwe bedhekan, jawaben
ya?”
Bagong : “ya, apa bedhekane?”
Semar : “nanging, kowe aja mikir ngeres lho
ya?”
Bagong : “Sip, ndang tha apa bedhekane?”
Semar : “Barang apa sing arep dingo kui
kenceng banget, nanging bar dingo kok malah ngroko/klempreh/lemes. Hayo??”
Bagong : “Ha?! K, apa kuwi mar.”
Semar : “ya cobo jawaben.”
Bagong : “ah wegah aku, ndak rusuh wis katog
wae aku.”
Semar : “Hehe, jawabe plindheng. Wong
mlindheng kan sedurung dingo di garet sak kuwate dadi kenceng ta, bar kuwi di
culke dadi ne klempreh. Hahaha”
Bagong : “Wealah, iku ta tiwas aku mikir sing
ora-ora.”
Kowe Ngisor, Aku Nduwur, Kowe
Obah Aku Seneng
Drs. Parman
Petruk : “Mbuk, aku duwe bedhekan, ayo jawab
ya?”
Limbuk : “ya, apa truk bedhekane?”
Petruk : “kowe ning ngisor, aku ning nduwur,
kowe obah aku tambah seneng, hayo apa mbuk?”
Limbuk : “Wong nana nana ta?”
Petruk : “Salah. Kuwi nak wong nyanyi.”
Limbuk : “dhudu kuwi maksud ku truk.”
Petruk : “lha apa?”
Limbuk : “Halah, yaw is lah aku katog wae.”
Petruk : “Jawaben wong lagi mincing.”
Limbuk : “lha kok bias truk?”
Petruk : “ya bisa, nak aku mincing aku ning
dhuwur iwake ning ngisor, nak pancinge obah lha aku seneng ta, ameh enthuk iwak
o’!”
Limbuk : “Iya ya, walah aku tek yo gak
kepikiran.”
Njaba Abang Njero Putih
Ki Nanang Windradi
Petruk : “Reng, aku nduwe bedhekan, yen bias
njawab kanthi bener, tak traktir mangan bakso.”
Gareng : “Ya, siapa takut?”
Petruk : “Njerone putih nanging njabane malah
abang, ayo apa?”
Gareng : “Kadho, njerone kain putih bungkuse
kertas abang, ayo bener ta?!
Petruk : “Bener kanggomu, nanging salah
kanggoku.”
Gareng : “mmmm…. Wis katog aku!”
Petruk : “kukul alias jerawat mateng.”
Gareng : “O alah iya ya, neng pipi mu ono lho
kok aku ora nyawang!”
Petruk : “Hah????!”
Cilik Abang Ambune Ora Enak
Ki Nanang Windradi
Gareng : “Genti aku sing mbedeki, yen bener
tak traktir soto ayam.”
Petruk : “Oke, ayo ndang bedhekana.”
Gareng : “abang cilik ambune ora enak, ayo
apa?”
Petruk : “kukul diplothot!”
Gareng : “Salah tur gilani, ah!”
Petruk : “wis katog aku.”
Gareng : “cilik abang ambune ora enak kuwi
mono kewan Tengu ngentut.”
Petruk : “Hah????!!”
Ireng Cilik
Nanging Dhuwur
Ki Nanang Windradi
Petruk : “kanca-kanca aku nduwe bedhekan,
sapa sing bias njawab kanthi bener, tak wenehi dhuwit skeet ewu kontan.”
Gareng : “setuju, ayo apa bedhekane.?”
Petruk : “awake cilik rupane ireng nanging
dhuwur banget, ayo apa?”
Gareng : “Ah, kuwi bangsane dhemit.”
Semar : “kewan saka angkasa luar.”
Bagong : “tokoh ning film kartun.”
Petruk : “kabeh salah ora ono sing bener tur
ngawur.”
Semar : “lha sing bener?!”
Petruk : “sing bener, semut iireng nongkrong
neng puncak monas.”
Gareng,
Semar, Bagong : “Hah?????!!!”
Gelang
Ki Nanang Windradi
Bagong : “mar, jare sampeyan jago bedhekan,
wis saiki aku meh mbedeki, gelang apa sing paling gedhe sadonyo?”
Semar : “gelang buta.”
Bagong : “ora bener.”
Semar : “gelang rakseksa.”
Bagong : “salah.”
Semar : “gelang ajaib.”
Bagong : “panggah ora bener.”
Semar : “wis katog aku.”
Bagong : “gelang sing paling gedhe sadonyo iku
yo gelanggang.”
Semar : “O alah iya ya, lali yen plesetan.”
Bagong : “Hehe …”
Nabrak Thukulan Klungsu
Rusdi Ngarpan Suryadi-Pati
Petruk : “Reng, winginane ana bus kecelakaan.
Sing ditbrak thukulan klungsu.
Penumpange sing mati ana lima.”
Gareng : “wong nabrak thukulan klungsu wae kok
ndadak kecelakaan nganti tilar ndonyo. Paling mbok idak wae trus liyep kok
thukulan klungsu kuwi.”
Petruk : “ning iki tenan?”
Gareng : “aku ora percaya. Gak ono critane
truk.”
Petryk : “wow, dikandani kok ngeyel. Bis kui
nabrak thukulan klungsu umur seket taun.”
Gareng : “lha dalah???
Ban
Rusdi Ngarpan Suryapati-Pati
Gareng : “Mar, yo bedekan!”
Semar : “oke. Apa bedhekanmu tak batange.”
Gareng : “ban apa sing gantung-gantung?”
Semar : “alah. Iku rak bandul.:
Gareng : “yen ban sing disembelih kanggo
kurban?”
Semar : “jawabe bandhot. Wedus bandhot.”
Gareng : “pinter. Lha ban sing bias nyolong?”
Semar : “Ora ana ban sing bias nyolong.”
Gareng : “ana wae. Iku bandhit.”
Semar : “Iya ya.”
Pacar
Mience Kediri
Petruk : “reng, yen kowe milih pacar piye?
Sing sugih elek apa sing ayu mlarat?”
Gareng : “Ya sing mlarat ayu”
Petruk : “yen aku ora pilih kabeh.”
Gareng : “kok kemlinthi temen kowe, kaya ngono
kok ora ono sing kok pilih.”
Petruk : “lha piye yen arep milih? Sing sugih
elek ateges rak ya elek banget ta? Lha sing mlarat ayu tegese ora ayu babar
pisan!”
Gareng : “Ooo
iya ya, semprul kowe kui.”