WELCOME TO M.S.M ROCHMAH BLOG

Sabtu, 10 November 2012

Kumpulan Geguritan

WAYAHE MAPAG JAMAN KUNCARA
Pine Wiyatno
Sukawati,
Dawane lurung wektu tansah lumaku
Rongatus suwidak enem pecak wis keri ana mburimu.
Yuswa kang kebak maduning rasa lan paithing dhuhkita.
Simbah, bapak, aku lank owe, bisa ngitung, niteni lan crita,
Menawa obah mosike jaman manut ubenge cakra manggilingan,
Anatrane angen-angen lan kanyatan
Antarane mbiyen lan sakiki.
Gegeran lan ontran-ontran tan ana kendhate
Muga dadi rebuke katentreman
Dadi kaca benggalange kekadangan
Yen kabeh mau bakal dadi pepadhang kanggo dalane bebrayan agung.
Sanadyan lakumu kesandhung tawang,
Kabeh isih bisa nyawang lintang-lintang tinata ing awing-awang
Sawise kalimphut pedhut
Sawise sinambe angin mawut
Sukawati,
Lakumu saya adoh
Pecak ing tindak tanpa wilangan
Ala-becik, bener-lupt, eleng lan lali
Worsuh dadi siji
Mula mung siji dak jaluk,
Pasrah, sumarah ana ngarsanig gusti Allah.
Adohe wes sak lae-lae
Wes nglakoni apa wae
Wayahe tata-tata
Wayahe jaga-jaga
Mapag jaman kuncara kanggo ngregem gegayuhan.
Mumpung padhang rembulane
Mumphung jembar kalangane
Ayo surak……...surak…..hiyo……..

TANGISING WENGI
Dedek Witranto

Kidung kinanthi
Ngumandhang
Ngrasuk lakuning angin
Bocah bajang kelangan uped
Dammar nrambas wengi lumaku
Bumi iki
Wes dak pangku
Tak ruwat!
Eluh kang tulus lan suci
Rungakna jeriting bumi
Lumantar banyu
Segara mbudak nyempyok kahanan
Gangsinge angin
Mluntir wewangunan
Lelorone….
Mandegka…
Ngrusak tataning urip lan panguripan
Lelumban hawa nafsu adu sikut
Rayahan bumi kalungguhan nerak pagering kamanungsan
Eluhku terus tumetes dadyo rebuking katentreman
Tangising wengi
Tangising bumi pertiwi


NDARA KANCIL
S. Haryono
Punika carios ndara kancil bibar
Maling timunipun pak tani
Amargi kuwatos konangan naming mlajeng sipat kuping
Matanipun mboten ngemataken margi, sehingga mlebet wonten luwengan

“Anggonku mlayu sajake
Uwis ginaris pancen kudu tekan jurang kene
Ana apa kok yo ndadak nganggo, kesusu ta iki mau?
Cangkemmu bonyok timune ambyar

Wong yha padha-padha jatah mulis esuk
Karepku yha ben ra konangan tangga-tangga lan
Papas an karo boio anggone nang mesjid
Banjur timun sa akehe kaya ngene iki kanggo apa?
Ora ana tegese kabeh, sing baku aku kudu
Bisa menek mbuh piye caraku metu saka jogangan kene

Lho….ginanjar karahayon uripku iki
Kok ana wedhus matane milang-liming mrene
“Kang wedhus” padhos napa?
“Lho ndara kancil” kula badhe pados toya
Nanging kok katinggal asat
Lajeng wonten punapa ndara
Wayah tasih enjang ndodok wonten mriku?
WC lan kamar mandi nggriya punapa dereng dados?

“Nengga pak Bupati, bilih kula kadawuhan mendet nawala
Kamangka isine serat kapasrahan tugas
Kangge wedhus-wedhus ing dusun mriki ugi
Amargi ing sabenipun wedhus satunggal
Pikanthuk satunggal bagor suket gajah
Enjing punika kedhah sampun dipun dum
Dumugi kandhangipun


Yen ora kaleksanan, tegespun kula ora isa nyambut gawe
Napa sampean gelem ngewang’i?

Pungkasane carios wedhus tumu nenggani
Salebething jogangan, lajeng ndara kancil nyuwun ijin
Badhe mendhet suket gajah
Kanthi cara minggah gegeripun lan
Ancik-ancik ndasipun si wedhus

Tekanipun si kancil kaleksanan
Saged medal saking jogangan punika
Merdeka!

Sesampun wonten nginggil kalian ngos-ngosan
Kesah lan nilaraken jogangan kanthi
Titip weling dhateng si Wedhus

“kang wedhus, tetap semangat!”


LUH
Pelok TS

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Yen weruh kanca bungah-bungah mangkat sekolah
Nganggo sepatu banjur pamit bapak ibu lan simbah

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Wong tuaku ora bisa ngragati sekolah
Nganggur klonthang klanting ora adoh seka ngomah

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Meruhi jaman brubah langkah
Akeh bocah ora saba omah
Turu sak enggon-enggon waton bisa mlumah

Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Polisi, Mentri, Bupati, DPR RI, padha koropsi
Ngguya-ngguyu ora dilebokke mbui


Kaca-kaca mripat iki
Ngrantes mandhes nyocok telenging ati
Ora krasa
Luh ndlewer liwat pipi
Tumiba jrambah nelesi lemah
Isaku mung ngemut driji
Pasrah marang Gusti
Kareben padha enggal eling lan diadili




SUNGKEMKU
Imam Khotib Utomo

Tumetes banyu
Dadi trenyuhe atiku
Tata tuturmu dadi pathuladanku
Ibu….!
Sangsaya suwe anggonku urip
Sangsaya eling mring pituturmu
Aku mung awujud gedibal
Ora bisa mujudake kekarepanmu kang suci tur edipeni
Tresnamu ndak catet ing pikirku
Ibu….!
Tresna kang milih pindha banyu
Ora ana enteke
Wiwit jabang bayi
Nagnti tekeng pati
Panjenengan tansah paring piweling kanggo aku
Tembing-tembung sig diparengke manis ngluwihi madu
Ibu….!
Nyuwun pangapunten…!
Aku ora bisa nyenengake panjenengan
Uripku mung saya nglaraake manah panjenengan
Ora bisa nuruti karsamu
Ibu….!
Lungaku ora merga lali
Ananging arep gayuh kamulyan
Adoh panggonku cedhak atiku
Ora bakal ilang ing pikirku
Pahlawan ing atiku
Ibu….!
Mugi pangeran paring keslametan marang ibu





3 komentar: