WELCOME TO M.S.M ROCHMAH BLOG

Sabtu, 10 November 2012

Tebakan Jawa Lucu


              Meh Dinggo Kenceng, Bar Dinggo Klempreh(Lemes)
Satiyani, Spd
Semar          : “Gong, aku nduwe bedhekan, jawaben ya?”
Bagong         : “ya, apa bedhekane?”
Semar          : “nanging, kowe aja mikir ngeres lho ya?”
Bagong         : “Sip, ndang tha apa bedhekane?”
Semar          : “Barang apa sing arep dingo kui kenceng banget, nanging bar dingo kok malah ngroko/klempreh/lemes. Hayo??”
Bagong         : “Ha?! K, apa kuwi mar.”
Semar          : “ya cobo jawaben.”
Bagong         : “ah wegah aku, ndak rusuh wis katog wae aku.”
Semar          : “Hehe, jawabe plindheng. Wong mlindheng kan sedurung dingo di garet sak kuwate dadi kenceng ta, bar kuwi di culke dadi ne klempreh. Hahaha”
Bagong         : “Wealah, iku ta tiwas aku mikir sing ora-ora.”

Kowe Ngisor, Aku Nduwur, Kowe Obah Aku Seneng
Drs. Parman
Petruk          : “Mbuk, aku duwe bedhekan, ayo jawab ya?”
Limbuk         : “ya, apa truk bedhekane?”
Petruk          : “kowe ning ngisor, aku ning nduwur, kowe obah aku tambah seneng, hayo apa mbuk?”
Limbuk         : “Wong nana nana ta?”
Petruk          : “Salah. Kuwi nak wong nyanyi.”
Limbuk         : “dhudu kuwi maksud ku truk.”
Petruk          : “lha apa?”
Limbuk         : “Halah, yaw is lah aku katog wae.”
Petruk          : “Jawaben wong lagi mincing.”
Limbuk         : “lha kok bias truk?”
Petruk          : “ya bisa, nak aku mincing aku ning dhuwur iwake ning ngisor, nak pancinge obah lha aku seneng ta, ameh enthuk iwak o’!”
Limbuk         : “Iya ya, walah aku tek yo gak kepikiran.”



Njaba Abang Njero Putih
Ki Nanang Windradi
Petruk          : “Reng, aku nduwe bedhekan, yen bias njawab kanthi bener, tak traktir mangan bakso.”
Gareng         : “Ya, siapa takut?”
Petruk          : “Njerone putih nanging njabane malah abang, ayo apa?”
Gareng         : “Kadho, njerone kain putih bungkuse kertas abang, ayo bener ta?!
Petruk          : “Bener kanggomu, nanging salah kanggoku.”
Gareng         : “mmmm…. Wis katog aku!”
Petruk          : “kukul alias jerawat mateng.”
Gareng         : “O alah iya ya, neng pipi mu ono lho kok aku ora nyawang!”
Petruk          : “Hah????!”

Cilik Abang Ambune Ora Enak
Ki Nanang Windradi
Gareng         : “Genti aku sing mbedeki, yen bener tak traktir soto ayam.”
Petruk          : “Oke, ayo ndang bedhekana.”
Gareng         : “abang cilik ambune ora enak, ayo apa?”
Petruk          : “kukul diplothot!”
Gareng         : “Salah tur gilani, ah!”
Petruk          : “wis katog aku.”
Gareng         : “cilik abang ambune ora enak kuwi mono kewan Tengu ngentut.”
Petruk          : “Hah????!!”

Ireng Cilik Nanging Dhuwur
Ki Nanang Windradi
Petruk          : “kanca-kanca aku nduwe bedhekan, sapa sing bias njawab kanthi bener, tak wenehi dhuwit skeet ewu kontan.”
Gareng         : “setuju, ayo apa bedhekane.?”
Petruk          : “awake cilik rupane ireng nanging dhuwur banget, ayo apa?”
Gareng         : “Ah, kuwi bangsane dhemit.”
Semar          : “kewan saka angkasa luar.”
Bagong         : “tokoh ning film kartun.”
Petruk          : “kabeh salah ora ono sing bener tur ngawur.”
Semar          : “lha sing bener?!”
Petruk          : “sing bener, semut iireng nongkrong neng puncak monas.”
Gareng, Semar, Bagong   : “Hah?????!!!”

Gelang
Ki Nanang Windradi
Bagong         : “mar, jare sampeyan jago bedhekan, wis saiki aku meh mbedeki, gelang apa sing paling gedhe sadonyo?”
Semar          : “gelang buta.”
Bagong         : “ora bener.”
Semar          : “gelang rakseksa.”
Bagong         : “salah.”
Semar          : “gelang ajaib.”
Bagong         : “panggah ora bener.”
Semar          : “wis katog aku.”
Bagong         : “gelang sing paling gedhe sadonyo iku yo gelanggang.”
Semar          : “O alah iya ya, lali yen plesetan.”
Bagong         : “Hehe …”

Nabrak Thukulan Klungsu
Rusdi Ngarpan Suryadi-Pati
Petruk          : “Reng, winginane ana bus kecelakaan. Sing ditbrak thukulan  klungsu. Penumpange sing mati ana lima.”
Gareng         : “wong nabrak thukulan klungsu wae kok ndadak kecelakaan nganti tilar ndonyo. Paling mbok idak wae trus liyep kok thukulan klungsu kuwi.”
Petruk          : “ning iki tenan?”
Gareng         : “aku ora percaya. Gak ono critane truk.”
Petryk          : “wow, dikandani kok ngeyel. Bis kui nabrak thukulan klungsu umur seket taun.”
Gareng         : “lha dalah???

Ban
Rusdi Ngarpan Suryapati-Pati
Gareng         : “Mar, yo bedekan!”
Semar          : “oke. Apa bedhekanmu tak batange.”
Gareng         : “ban apa sing gantung-gantung?”
Semar          : “alah. Iku rak bandul.:
Gareng         : “yen ban sing disembelih kanggo kurban?”
Semar          : “jawabe bandhot. Wedus bandhot.”
Gareng         : “pinter. Lha ban sing bias nyolong?”
Semar          : “Ora ana ban sing bias nyolong.”
Gareng         : “ana wae. Iku bandhit.”
Semar          : “Iya ya.”

Pacar
Mience Kediri
Petruk          : “reng, yen kowe milih pacar piye? Sing sugih elek apa sing ayu mlarat?”
Gareng         : “Ya sing mlarat ayu”
Petruk          : “yen aku ora pilih kabeh.”
Gareng         : “kok kemlinthi temen kowe, kaya ngono kok ora ono sing kok pilih.”
Petruk          : “lha piye yen arep milih? Sing sugih elek ateges rak ya elek banget ta? Lha sing mlarat ayu tegese ora ayu babar pisan!”
Gareng         : “Ooo  iya ya, semprul kowe kui.”

2 komentar:

  1. Harrah's Hotel and Casino - Missouri - MJH Hub
    Harrah's Hotel and 오산 출장마사지 Casino · The most reliable place 당진 출장안마 for accurate and unbiased hotel reviews. Our hotels give travelers 대전광역 출장안마 the best view of 계룡 출장마사지 the 김제 출장안마 casino.

    BalasHapus